Blog opo iki??? asline aku sing nduwe blog iki ki yo bingung iki blog opo??. blog porno? religi? musik? cerito uripku?? opo tentang cinta-cintaan?? ahh yo embuh ya,ws pokoke opo wae sing ono ning uteke yo teko tak tulis ning kene,sing penting duwe manfaat ra ketung mung kanggo aku dewe, betul pora??,
Ra kenal berarti ra tresno nek jarene ning TV kae,yo wis saiki perkenalan ndisik, jenengku Sigit Hery Prayoga,artine Sigit kui tegas, hery kui Singo lan prayoga kui artine becik (jarene Google artine ngono). Nek ning ngomah diundang Yoga, nek ning kampus di undang Sigit, nek pas jaman sekolah diundang Kotess. nah terserah sampean arep ngundang opo sing penting enak ning kuping, hehehe :D. Lahir 20 Oktober 1991 buah karya Bapak Waspodo dan Ibu Apit Dwi Hartati ng kuto cilik arane Magelang.